Getih lan Seni Macapat

Sumber Gambar : google images

Ing jaman saiki iku paguyuban seni macapat pancen isih ana, senajan grengsenge wis ora kaya jaman biyen maneh. Seni macapat uga isih diwulangake ing sekolahan, mligine sekolahan ingkang nggegulang seni jawa.

Ing antarane tahun 1964 tekane tahun 1997 tembang macapat iku isih asring ditembangake ing daleme wong kang nembe wae babaran pinaringan putra. Tembang kang kerep ditembangake iku biasane tembang mijil lan dhandhanggula. Tembang mijil iku simbul rasa syukur sawise pinaringan momongan. Tembang dhandhanggula wujud donga panyuwunan marang gusti, supaya bayi kang mentas lair iku ing mbesuke bisa nduweni drajat sing dhuwur, lan bisa anikmati legine urip kang mulya. Yen disawang sakeplasan wong kang padha nembang macapat ing daleme wong kang lagi ana jagong bayen iku, kaya-kaya mung kanggo  isen-isen wae. Nanging yen miturut pangandikane sesepuh seni macapat kang ora kersa disebut asmane ngandikakake, yen dumadine seni macapat iku pancen ana gegayutane karo wong kang lagi babaran. Pituduh iku bisa dingerteni, jalaran piyambake kagungan buku kang tulisane jawa kuna, kang isine nyaritakake dumadine tembang macapat. Mung emane buku iku sing nulis sapa, lan ditulis ing tanggal lan tahun pira, akeh kang padha ora ngerti, jalaran pancen ora tinulis ing buku iku. Isine buku iku mung nyaritakake, yen dumadine seni tembang macapat iku dumadi duk nalika ing jaman kuna, rikala para wali isih padha sugeng.

Miturut critane piyayi sepuh jaman biyen, nalika jaman para wali isih sugeng, wong kang padha gawe omah iku umume isih omah gedhek kang mapane ing pinggir alas gedhe lan adoh tangga, payone mung saka blarak kang digawe welit utawa getepe. Ing wektu semana kewan-kewan alas kang kulinane mangan daging mentah iku yen wis mambu amise getihe wong kang lagi babaran, bangsane singa, macan, lan asu ajag, biasane banjur nyedhaki lan ngubengi omahe wong kang lagi mentas wae nglairake bayi. Yen wis kaya ngono iku kahanane, adat sabene wong-wong ing desa iku banjur rame padha pating brengok karo nuthuki apa wae lan ana kang ngobong blarak kanggo medeni kewan, supaya kewan-kewan galak iku gelem bali mlebu ing alas maneh. Nanging sawise wong-wong ing desa iku padha bali ing omahe dhewe-dhewe, kewan-kewan mau banjur bali nyedhak maneh ing omahe wong sing mentas duwe bayi anyar mau. Bab iki banjur dadi rembugane kabeh warga desa, lan banjur diputusake, yen omahe wong sing lagi duwe bayi anyar iku awan bengi kudu dijaga kanthi cara giliran. Saben pojok omah kudu dijaga, perlune yen ana kewan saka ing endi wae arah pernah bisa kaweruhan. Rikala semana banjur ditetepake saben pojok omah dijaga wong papat. Yen wanci wengi padha ngobong uwuh kanggo ngilangi hawa adhem, urupe geni kena kanggo medeni kewan sing arep nyedhak. Rehne wong jaga ing wanci wengi iku yen mung meneng wae malah ngantuk, mula banjur padha tetembangan. Senajan anggone padha nembang ya mung padha ngawur, jalaran jaman biyen iku pancen durung akeh pujangga tembang. Miturut critane kahanan iku banjur kapireng dening salah sawijine wali kang banjur nggawekake tembang-tembang jawa kang tinulis ing godhong tal, perlune anggone padha nembang dimen luwih tumata lan luwih kepenak dimirengake. Anggone gawe cakepan tembang pedhotane digawe papat-papat, kanggo pepeling, yen sing jaga omahe wong sing lagi babaran iku ing saben pojok wonge sing jaga kabeh papat-papat. Sabacute tembange banjur disebut tembang macapat, jalaran anggone maca tembang iku ing pojok papat. Sawise kedadean iku, wong kang padha nembang macapatan ing omahe wong kang lagi mentas duwe bayi anyar, banjur dadi pakulinan lan temular ing desa-desa liyane.

Sawise desa wis malik dadi kutha, lan kewan galak sing sok ngubengi omahe wong sing lagi babaran iku wis ora ana, wong sing biyen nembang macapat ing pojok omah banjur pindhah ing jero omah. Sawise generasine sing nembang macapat cures, omahe wong jagong bayen banjur dikebaki wong sing padha ngabotohan main kertu. Sawise iku banjur diberantas, jalaran akeh wong sing padha edan main kertu, banjur lali anak lan bojo, lan uga lali marang kuwajibane. Ngono iku dongeng dumadine tembang seni macapatan.

Yen dionceki lan dipikir kanthi jero, tembang macapatan iku satemene bisa dadi guru kanggo amulang rasa, murih luruh lan larase jiwa tumraping pasrawungan. Nanging tumrape bocah saiki, seni macapat iku wis dianggep kesenian jadul sing mung marai ngantuk, wis ora ngetrend lan ora gaul. Wong jaman saiki kuwi wonge pancen akeh sing padha aneh. Yen padha dikon ngopeni warisan budaya luhur aras-arasen, nanging yen wis kebacut diaku dening wong liya negara nembe lagi padha mencak-mencak lan bengak-bengok, kaya wong sing sarunge kobong.

 

Pengasih, 23-6-2017

 Suyatin

Beriklan Disini Beriklan Disini