Kawruh Dongeng Sunan Kalijaga

Sumber Gambar : sumber gambar : https://made-blog.com/sunan-kalijaga-n/

Ing carita seni Kethoprak iku ana dongenge Sunan Kalijaga, kang nalika enome jeneng Raden Sahid, putra adhipati Tuban kang senengane ngabotohan main kertu. Wis akeh bandhane wong tuwane kang diawut-awut kanggo nuruti kasenengane. Miturut critane, Sahid banjur ditundhung lunga dening wong tuwane, jalaran wis ngentekake mas-masan penganggone adhine wadon kang diglembuk kanggo totohan main kertu. Lungane Sahid ngajak kanca-kancane mapan ing tengah alas, kang banjur madeg dadi brandhal lan ganti jeneng ‘Brandhal Lokajaya’. Sandhangane sarwa ireng lan raine uga ditutupi gombal ireng, supaya ora padha ngerti yen kang dadi brandhal iku satemene putrane priyayi luhur.

            Manut gambaran critane, sanajan Sahid iku wonge katon kejem, nanging atine gampang tuwuh rasa welase yen meruhi uripe wong kang padha kesrakat. Mula bandha anggone nggedhor, ngecu lan maling nggone wong sugih iku sabacute ora mung kanggo seneng Sahid sakancane wae, nanging luwih akeh sing didumake kanggo wong sing padha mlarat. Carane ngedum diselehake ing ngarep lawang ing wanci wengi, supaya ora ana kang padha meruhi. Kabar ngenani wong kang nemu bandha pengaji ing ngarep lawang iku akhire banjur sumebar warata.

Nuju sawijine wektu, Brandhal Lokajaya sakancane mbegal lakune Sunan Bonang kang rikala iku nembe bali saka mulang ngaji lan nyebarake tuntunane agama Islam. Sawise digledhah ora ana bandha pengaji kang dikarepake, Sunan Bonang banjur diculake tangane. Sawise iku Lokajaya sakancane banjur diparingi wewarah, supaya leren anggone mbegal lan nglakoni maling. Kanggo urip sabacute Lokajaya sakancane didhawuhi menek ngundhuh woh uwit aren ing pinggir dalan, kang wektu ditudingi dening Sunan Bonang iku wohe kolang-kaling kuwi wujude emas kabeh. Meruhi kahanan iku Lokajaya sakancane atine kaget gumun campur bungah, jalaran woh kolang-kaling kang wujude emas iku akehe tanpa wilangan. Nanging eloke kahanan, bareng Lokajaya nyedhaki wit aren iku, woh kolang-kaling kang semaune wujud emas iku bali malik wujud kaya woh kolang-kaling padha umume. Saben didohi wujud emas, yen dicedhaki bali wujud kaya maune maneh. Ing atine Brandhal Lokajaya banjur tuwuh panggrahita, yen wong sing dibegal iku dudu wong sembarangan, kang duweni kadigdayan kang linuwih. Wusanane Lokajaya sakancane banjur ndhodhok lan nyuwun pangapura, Lokajaya uga banjur blaka yen satemene dheweke iku sing jeneng Sahid putra adhipati Tuban. Sunan Bonang  uga banjur waleh, yen piyambake iku asma Sunan Bonang ulama kang lagi lelana sinambi syiar tuntunane agama Islam.

            Meruhi kasektene Sunan Bonang iku, atine Sahid banjur kepingin meguru ngelmu kadigdayan kanggo ngalahake kabeh mungsuh-mungsuhe. Sawise Sahid matur, banjur diwangsuli lan diparingi wewarah, yen wong kang menang ngalahake wong liya iku dudu wong kang menang sejati, jalaran wong kang menang sejati iku wong kang wis bisa menang mungsuh hawa nepsune dhewe. Krungu wewarah ngono iku, niyate Sahid banjur diwurungake, lan banjur milih dadi ulama kaya sing dilakoni dening Sunan Bonang. Sunan Bonang saguh mulang ngaji, waton Sahid gelem nglakoni tapa pendhem kang suwene patang puluh dina. Sawise didhudhah banjur diwulang ngaji lan diwulang carane sembahyang limang wektu. Sawise Sahid sakancane wis bisa sembahyang lan ngaji, kancane Sahid banjur dikon bali ing ngomahe dhewe-dhewe, mung sahid dhewe kang diparengake ndherek Sunan Bonang nerusake laku.

            Nuju sawijine wektu, lakune Sunan Bonang kepalang kali. ing pinggir kali Sahid didhawuhi pasa lan semedi, lan uga didhawuhi nunggoni tekene Sunan Bonang kang ditancepake ing ngarepe, kanggo nguji sepira kesabarane Sahid sing wis diangkat dadi muride iku. Sahid ora diparengake lunga sadurunge digugah dening Sunan Bonang, kang wektu iku sawise nyabrang kali anggone mulang ngaji banjur pindhah-pindhah desa nganti suwe banget, nganti kiwa-tengene anggone lungguh Sahid iku dithukuli suket kang ngrembuyung. Sawise Sunan Bonang rampung anggone mulang ngaji lan wis bali ing papan iku, Sahid banjur digugah saka semedine. Rehne anggone nunggu teken lan semedi ing pinggir kali iku kaya wong njaga kali, mula Sahid dening Sunan Bonang banjur diwenenehi tambahan jeneng ‘Sunan Kalijaga’.

            Miturut ujare priyayi sepuh, dongenge Sahid wiwit ing sangisore uwit kolang-kaling, nganti tekan ing pinggir kali iku kabeh ana maknane pitutur. Kolang-kaling emas kang molak-malik wujude iku maknane: Sunan Bonang nyemoni Sahid anggone gawe amal mbantu wong mlarat nganggo bandha colongan iku keliru, jalaran banjur dadi amalan kang ora cetha kaya molak-malike woh kolang-kaling iku mau, amarga ana halale, nanging uga isih ana harame. Yen Sahid arep gawe amal kang becik, ya kudu nganggo bandha kang halal. Sahid gawe amal nganggo bandha colongan iku ngibarate kaya wong sing ngumbah klambi nganggo banyu peceren. Klambine ora bisa resik, nanging regete dosane Sahid malah dadi nggupaki wong mlarat sing dibantu sing ora dosa. Saliyane kuwi kolang-kaling emas simbul gebyare bandha iku uga ana pituture kang sumimpen. Kolang iku tegese ‘mengko bakal sumelang’. Amarga bandha kang akeh iku ing mengko bakal marahi sumelang. Tegese: sumelang yen bandhane dicolong maling lan digedhor utawa dibegal ing dalan. Kaling iku saka tembung ‘bakal eling’. Uwong iku yen wis kerep weruh wong sing mati ora digawani bandha, akhire bakal eling, yen sangune wong mati iku dudu bandha, nanging mung amal soleh.

Sahid nglakoni tapa dipendhem: Sing dipendhem iku lelakone Sahid sing wis tau ala aja nganti dibaleni maneh. Sahid didhawuhi pasa lan semedi: Sahid didhawuhi ngampet nepsu muring, mangan ngombe lan ngampet nepsu sahwat, supaya karep manembah marang Gustine lan rasa welas asihe marang sepadhane urip banjur luwih katon. Anggone lungguh semedi Sahid nganti dithukuli suket ngrembuyung: Thukule suket nganti ngrembuyung iku kanggo nggambarake suwene wulangan agama sing disinau dening Raden Sahid.

Sahid didhawuhi nunggu teken: teken iku saka tembung sanepa tekun lan tekan. Yen Sahid gelem tekun anggone nyinau wulangane agama, Sahid bakal katekan anggone kepingin dadi ulama. Sunan Bonang nyabrang kali: Sunan Bonang menehi kawruh, yen Sahid wis klakon dadi ulama, kudu resik sikile, sing tegese supaya suci lan bener lakune. Sawise Sunan Bonang rampung anggone mulang ngaji, Sahid banjur digugah: Sawise nampa wulangan agama sing akeh saka Sunan Bonang, atine Sahid banjur gumregah kagugah atine lan luwih mantep anggone kepingin dadi ulama. Sahid diwenehi jeneng Sunan Kalijaga, kang banjur kerep disebut Kanjeng Sunan Kalijaga: Kanjeng iku saka tembung ‘kang ing ngajeng’, sing tegese Sahid wis dipercaya dadi wong sing nang ‘ngarep’. Sunan iku saka tembung ‘sesuhunan’ kang tegese wong sing ‘kinurmat’. Kali iku saka tembung sanepane ‘Kalifah’, kang tegese ‘pemimpin’. Jaga iku saka tembung ‘jaya agama’. Dening sunan Bonang, Sahid iku wis dipercaya dadi wong sing nang ngarep dadi pemimpin kang kinurmat, bisa mimpin lan uga bisa nggawa jayane pitutur agama, kanggo ngalahke watak-watak kang isih ala ing atine manungsa. Kurang luwihe ngono iku maknane asma ‘Kanjeng Sunan Kalijaga’ ing dongeng iki.

 

13-2-2020

Suyatin

Beriklan Disini Beriklan Disini