Limbukan Online Series: #1 Bersih Desa

Sumber Gambar : Redaksi Manunggal Syafaat

Limbuk            : Iki acarane duwe gawe apa ta mak?

Cangik             : Iki acarane bersih desa ndhuk.

Limbuk            : Bersih desa kuwi tegese kepiye mak?

Cangik             : Bersih desa kuwi reresik desane ndhuk. Pekarangan ing sakiwa-tengene omah sing sekirane reget, kabeh padha diresiki ben ketok asri. Botol kosong, kaleng bekas, ban bekas sing ora payu didol lan mung dibuangi nang kebon, kabeh kudu padha dipendhemi dimen ora kanggo omah lemut, sing marahi dadi sumbere penyakit demam berdarah sing banget mbebayani ndhuk.

Limbuk            : Ho,o ya mak.

Cangik             : Iya ndhuk. Saliyane kuwi, papan-papan petilasan lan pasareane para leluhur sing padha melu cikal bakal tumrap madege desa kene ya padha diresiki lan dikirim donga, supaya roh arwahe diparingi pangapura kabeh dosane, lan uga diparingi papan sing luwih mulya katimbang duk nalika uripe. Pasareane para pamong desa wiwit lurah sing sepisanan, lan kabeh tokoh masyarakat sing wis ora ana ya padha diresiki lan uga dikirim donga, sebab kabeh wis padha tau berjasa tumrap lestari lan majune desa kene ndhuk.

Limbuk            : O ngono ta mak..

Cangik             : Iya ndhuk..sakliyane reresik makam, dalan-dalan ya diresiki lan dipasangi umbul-umbul kanggo gawe tandha nek desa kene lagi nganakake keramaian. Kiwa-tengen panggung lan papan sing kanggo ajang pasamuan uga digawe edi, sebab sing diaturi rawuh kuwi ora mung tokoh masyarakat ing desa kene wae, nanging uga ngaturi rawuh para pamong tangga desa, lan munggahe tekan bapak camat, lan kala mangsane ing acara kaya ngene iki uga sok dirawuhi bapak bupati barang lho ndhuk.

Limbuk            : Iya mak.. njur aku tak takon mak, bersih desa kuwi sing paling baku wigatine apa..?

Cangik             : Wigatine sing paling baku ya kuwi ngaturake agunging rasa matur nuwun marang gusti, merga sakjroning setahun wingi desa kene wis diparingi aman tata titi lan tentrem, wulu wetu sing saka pekarangan tegal lan sawah panene diparingi melimpah, lan saliyane ngaturake donga puja-puji sukur marang gustine, rakyat ing desa kene uga bareng-bareng nyenyuwun muga-muga ing tahun ngarep tandurane ora katerak ama, lan panenane uga banjur diparingi sing luwih akeh lan luwih ngrembaka ndhuk.

Limbuk            : Iya mak.. aku ya melu ndedonga muga-muga apa wae sing digayuh dening masyarakat ing desa kene, kabeh bisa kasembadan lan tansah diayomi dening pangerane mak.

Cangik             : Iya ndhuk.. saliyane kuwi sing jeneng bersih desa iku yen dijupuk kanthi cara gampange isine jane mung werna loro, ya kuwi ngresiki lahir lan batin.. ngresiki lahir, reresik lingkungan lan ngopeni makame para leluhur kaya sing tak omongke nang ngarep mau, sing ping pindhone ngresiki batin utawa ngresiki ati, sebab uwong kuwi yen wis rumangsa diparingi, nanging durung rumangsa matur nuwun marang sing maringi, rasane isih reget nang ati, sarwa-sarwi sarwa rumangsa salah lan ora tentrem nang pikiran ndhuk.

Limbuk            : Iya mak, kabeh omonganmu kuwi pancen bener. Saiki aku tak takon, bersih desa kuwi ana sing ngarani sedhekah bumi, ana sing nyebut merti bumi, lha jane tegese kuwi apa ta mak?

Cangik             : Sedhekah bumi kuwi sing sedhekah ‘bumi’ne, dudu wonge ndhuk. Bumi kuwi emoh kepotangan budi. Kowe nandur jagung siji bakal dibalekake tikel kaping sepuluh bisa luwih, nandur kacang, nandur dhele, lan nandur pari kabeh bakal dibalekake sing luwih akeh katimbang lehmu nibakake wiji ndhuk. Wong sadesa padha nganakake sedhekah bumi kuwi, tegese wong sadesa padha ngaturake rasa matur nuwun marang Gustialah sing wis maringi bumi, kang wis nuwuhake wit-witan sing bisa kanggo gawe bahan pangan, bahan sandhangan lan liya-liyane ndhuk.

Limbuk            : Mm... ngono ta maksude. Lha nek tegese merti bumi mau apa mak?

Cangik             : Merti bumi kuwi tegese ngrumat bumi ndhuk. “Bumi kuwi padha rumaten lan tandurana wit-witan sing murakabi kanggo kewan lan para manungsa.” Ngono kuwi welinge para sepuh ing jaman biyen ndhuk. Bumi kuwi saka tembung ibu lan umi. Umi kuwi basa arab, sing tegese ya ‘ibu’ kaya sing tak omongake mau lho ndhuk.

Limbuk            : Lha sebabe apa, lemah kok disimbulake wong wedok utawa ibu mak?

Cangik             : Sebabe bumi kuwi sing menehi pangan, utawa sing ndulang pangan kabeh manungsa nganggo  lantaran tuwuhe wit-witan mau ndhuk.

Limbuk            : Mm... ngono ta mak. Lha nek tegese pertiwi apa mak?

Cangik             : Perti kuwi tegese ya ‘ngrumat’ kaya sing tak omongake nang ngarep mau, wi kuwi tegese ‘wiji’. “Bumi kuwi padha rumaten lan tandurana wiji.” Ngono kuwi lho ndhuk tegese pertiwi mau.

Limbuk            : Lha nek tegese lemah apa mak?

Cangik             : Lemah kuwi tegese dialem, merga sing thukul nang lemah kuwi akeh sing kena dimamah ndhuk.

Limbuk            : Lha nek tegese lempung apa mak?

Cangik             : Lempung kuwi tegese dialem wong kampung, merga piguna kanggo wong kampung ndhuk.

Limbuk            : Piguna kanggo gawe apa mak?

Cangik             : Kanggo gawe bata, gendheng, kuwali, kendhil, celengan lan liya-liyane ndhuk. Ya kuwi tegese lempung mau. Paham ta?

Limbuk            : Lehmu mangsuli aku kuwi tok campuri ngawur barang ora mak?

Cangik             : Ya nganggo ngawur barang ndhuk. Ning nek lehmu ngrungokake kuwi ketok serius karo manthuk-manthuk, penonton kuwi ngertine aku iki priyayi sing berilmu tinggi lho ndhuk.

Limbuk            : Iya mak..  Jaman aku cilik biyen, aku wis tau didongengi simbah, nek sing nanduri wit-witan sing nang alas sing ora tau diambah uwong kae, jare simbah kae kabeh sing nanduri Gustialah mak. Lha apa Gustialah kuwi ya sregep macul kaya petani kae pa mak?

Cangik             : Sing njaluk dipacul ya dhengkulmu kuwi ndhuk. Gustialah nanduri wit-witan sing meh ngebaki jagad, kuwi anggone nandur ora ndadak kangelan maculi lemah kaya petani, nanging Gustialah kuwi mung nyipta utawa gawe petani alami sing wujude kabeh kewan sing senengane mangani woh-wohan, kaya bangsane manuk, codhot, kalong, bajing lan luwak, kuwi petani alami gaweane Gustialah lho ndhuk.

Limbuk            : Mbok saiki jelasna wae, sebab omonganmu kuwi nek tak pikir kaya-kaya ora tinemu ing nalar ngono lho mak.

Cangik             : Tak kandhani ya ndhuk, kewan sing senengane mangan woh-wohan kuwi nek mangan woh-wohan, kerep-kerepe isi utawa wijine kuwi akeh sing katut diulu, lan kewan bangsane bajing karo luwak kuwi nek bebuang nibakake wiji sak rabuke pating bececer mayeng-mayeng, kewan codhot, kalong lan manuk, anggone nibakake wiji sak rabuke karo mabur ya ora tumata, mula alas gedhe sing durung tau diambah uwong kae, wit-witane sing padha thukul ya ora tumata kaya tandurane manungsa, jalaran petani alami gaweane gustialah kuwi anggone nibakake wiji sak rabuke, ya pancen mung padha sageleme dhewe ndhuk.

Limbuk            : Kosik mak,kowe kok ngomongake kewan sing nibakake wiji sak rabuke kuwi maksude piye mak?

Cangik             : Wiji kuwi isi woh-wohan sing katut dipangan, rabuke kuwi ya kotorane kewan kuwi ndhuk. Mula sawise tiba nang lemah wijine ya banjur thukul kanthi subur ngono lho ndhuk.

Limbuk            : Lha apa isi woh-wohan sing wis tau mlebu nang telih manuk lan wetenge kewan kuwi nek tiba nang lemah isih bisa thukul mak?

Cangik             : Bisa ndhuk. Waton wohe sing dipangan kuwi dudu woh sing wis digodhog lho ndhuk.

Limbuk            : Kok sampeyan duwe teori sing kaya ngono kuwi, apa sampeyan kuwi wis tau nganakake riset tentang biji-bijian pa mak?

Cangik             : Uwis  ndhuk, sing tak tliti kuwi isi semangka sing nang limbah sapiteng, sing wis dibuang nang lemah kebon ndhuk. Sawise tak catheti dina lan tanggale, tekan wancine ya padha thukul subur,  mula aku banjur duwe kesimpulan, nek dumadine alas gedhe kuwi ya kaya sing tak omongake nang ngarep mau lho ndhuk?

Limbuk            : Iya mak, nek tak pikir teorimu kuwi ya pancen masuk akal kok mak. Nek ngono uwong sing padha mateni kewan-kewan sing senengane mangan woh-wohwohan kaya sing tok omongake nang ngarep mau, kuwi padha karo mateni petani-petani alami gaweane Gustialah ya mak?

Cangik             : Iya ndhuk. Mula sawise akeh kewan sing padha dipateni, wit-witan sing gedhe-gedhe ya akeh sing padha ditegori, kabeh uwong ya banjur ndadak kangelan gawe tegal lan sawah, nganti tekan ing jaman saiki iki ndhuk.

Limbuk            : Lha apa sadurunge uwong padha gawe tegal lan sawah tanah garapan, apa uripe wong jaman biyen kuwi dadi perambah hutan, lan pindhah-pindhah papan barang pa mak?

Cangik             : Ho o ndhuk. Nanging woh-wohan bahan pangan sing nang alas kuwi nek mung diundhuhi terus suwe-suwe ya bakal entek, wong urip  bola-bali pindhah-pindhah papan ya kerep repot, urip nang tengah alas kerep ketemu kewan galak ya mbebayani, mula banjur padha milih urip manggon merti bumi lan nandur wiji, mula tanah garapan kuwi banjur disebut bumi ‘pertiwi’ kaya sing tak omongake nang ngarep mau lho ndhuk.

Limbuk            : Oo... ngono ta mak, lha nek tegese tanah apa mak?

 

Bersambung...

Beriklan Disini Beriklan Disini