Limbukan Online Series: #3 Bersih Desa

Sumber Gambar : Redaksi Manunggal Syafaat

Cangik             : Ya ana ndhuk. Bawak kuwi saka tembung ‘obahe awak’ ndhuk. Wong tani kuwi nek kepingin tandurane dadi subur, ya kudu gelem ngobahake awak maculi lemahe dhisik ndhuk.

Limbuk            : Lha nek garane sing jeneng ‘doran’ kae tegese apa mak?

Cangik             : Doran kuwi tegese donga marang pangeran ndhuk. Wong sing arep lunga macul nang tegal lan sawah kuwi luwih becik ndonga dhisik marang pangeran, supaya usahane bisa kasil kanthi becik ndhuk.

Limbuk            : Mm.. Kuwi sing jeneng doa lan usaha kae ya mak?

Cangik             : Iya ndhuk.

Limbuk            : Lha nek pacul kolong sing tekan saiki isih kerep kanggo macul kae, apa ya bisa dionceki kanggo pitutur mak?

Cangik             : Ya bisa ndhuk. Kolong kuwi bisa ditegesake ‘kolo bolong’ ndhuk. Kolo kuwi tegese ‘wektu’, bolong kuwi tegese cacat ndhuk. Tembung kolong utawa kolo bolong kuwi nek diwujudake pitutur kira-kira unine mengkene ndhuk: “wong sing sregep macul nang tegal lan sawah kuwi aja nganti ana wektu sembahyange sing bolong, jalaran wong sing lali wektune sembahyang iku banjur dadi cacat sembahyange.” Ngono kuwi lho ndhuk maknane pacul kolong mau.

Limbuk            : Aku kok durung pati paham omonganmu mau mak, saiki jelasna apa tegese “aja nganti ana wektu sembahyange sing bolong” kuwi maksude priye mak?

Cangik             : Maksude kuwi nek le macul wis krungu suwara adan, le macul kuwi gek ndang leren trus wundhu, njur sembahyange dhisik, perlune aja nganti ana wektu sembahyange sing bolong utawa kelalen ngono lho ndhuk.

Limbuk            : lha nek jaman para wali isih sugeng kuwi rak durung ana corong pengeras suara mak, lha wong sing macul nang sawah sing adoh desa kuwi rak ya ora krungu suwarane wong adan ta mak?

Cangik             : Iya ndhuk, nanging isih bisa bisa krungu suwara penthongan lan suwara bedhug, sing luwih adoh suwarane katimbang suwarane wong adan ta ndhuk?

Limbuk            : Lha nek sadurunge ana corong pengeras suara penthongan lan bedhug, suwarane wong adan ben krungu saka kadohan, kuwi biyen cara priye mak?

Cangik             : Jarene mbahmu wonge sing arep adan kuwi biyen ndadak munggah nang lemah pegunungan sing luwih dhuwur nggone dhisik ndhuk. Sing le gawe masjid adoh saka lemah pegunungan sing dhuwur banjur gawe menera, wonge sing arep adan banjur cukup munggah nang menara, ora perlu ndadak golek lemah sing luwih dhuwur dhisik ndhuk. Sawise masjid diwenehi penthongan lan bedhug, wong gawe menara sing nang cedhak masjid kuwi dadi ora pati penting, jalaran suwarane penthongan lan bedhug sing ditabuh kuwi luwih sero lan luwih adoh kumandhange katimbang suwarane wong adan ndhuk. Mula wong jaman biyen sing lagi macul nang tengah sawah sing adoh desa, adoh mesjid lan mushola, senajan ora bakal krungu  suwarane wong adan, ning nek wis krungu suwara penthongan lan bedhug sing ditabuh ya banjur leren sembahyang dhisik ndhuk. Sawise masjid lan mushola dipasangi corong pengeras suara, penthongan lan bedhug dadi ora pati penting, amarga wong sing adan nganggo corong pengeras suara kuwi luwih sero lan luwih adoh kumandhange, katimbang suwarane penthongan lan bedhug ing lingkungane masjid kuwi.

Limbuk            : Mm.. ngono ta mak, lha sebabe apa masjid jaman saiki kuwi wis padha dipasangi corong pengeras suara, nanging kok isih ana uwong sing gawe masjid nganggo menara, lan uga isih nganggo penthongan lan bedhug barang mak?

Cangik             : Kaya ngono kuwi mung kanggo pepeling lan kanggo ngormati wae kok ndhuk, amarga menara penthongan lan bedhug kuwi wis tau berjasa, tumrap panyebare pituture agama Islam ing tanah jawa ndhuk.

Limbuk            : O.. ngono .. wah, mung njelaske tegese pacul kolong kok isine jebul akeh banget ya mak.. lha nek tegese ‘tegal’ apa mak?

Cangik             : Tegal kuwi tegese sing nggarap lemah imane kudu teteg, lan percaya marang gusti kang maha tunggal ndhuk.

Limbuk            : Lho nek tegese ‘sawah’ apa mak?

Cangik             : Sawah kuwi tegese sarate aja nganti owah ndhuk. Sarate wong nggarap sawah kuwi saliyane ndonga marang pangeran, ya uga kudu sregep ngrumat lan ngontrol kabutuhane banyu barang ndhuk.

Limbuk            : Iya mak, saiki aku wis paham kabeh, apa wae sing tok omongake mau. Saiki aku tak takon liyane mak, wong gawe kendhuri kae padha nganggo sajen, panggung wayang kuwi ya sok diwenehi sajen, maknane jane apa to mak?

Cangik             : Jarene simbah, sajen kuwi saka tembung ‘sajian’, sing tegese suguh lan pituduh ndhuk. Sajen pirang-pirang kae wujud simbul-simbul donga, supaya sing ndonga kuwi aja nganti ana sing keliwatan ndhuk. Amarga dongane kuwi ora mung kunjuk marang Gustialah wae, nanging uga kanggo ngormati para nabi lan para wali, lan uga kanggo uluk salam marang sing mbaureksa bumi lan tanah pekarangan barang ndhuk.

Limbuk            : Lha nek wong ewuh kae kok ndadak nyajeni dalan prapatan barang kae karepe ben piye mak?

Cangik             : Dalan prapatan kuwi akeh-akehe kerep kanggo tabrakan, lan sok ana wong sing mati barang ndhuk. Mula disajeni, supaya arwah sing isih gentayangan sing mapan nang dalan prapatan kuwi aja nganti ngangu wong sing lagi duwe gawe lan wong liwat barang ndhuk. Kaya ngono kuwi wujud rasa pangati-atine wong jawa, sing wis diwulangake dening para priyayi luhur wiwit ing jaman kuna biyen ndhuk.

Limbuk            : Mm.. ngono.. lha nek maknane sajen sing kanggo simbul donga mau apa wae mak?

Cangik             : Simbul donga sing paling baku kuwi tumpeng ndhuk. Tum kuwi tegese ‘tumuju’, peng kuwi tegese ‘Pengeran’ ndhuk. Tumpeng sega sing digawe lancip ndhuwure kae kanggo nuduhake, nek dongane kabeh manungsa kuwi kunjuk munggah ing ngarsane Pengeran ndhuk.

Limbuk            : Mm.. ngono ta maknane mak. Lha nek sayuran sing beda-beda  jenenge sing digawe gudhangan, njur diselehke nang saubenge tumpeng kae artine apa mak?

Cangik             : Gudhangan kuwi simbule masyarakat sing beda-beda agamane lan beda-beda kapercayane, nanging kabeh bisa manunggal nyawiji lan padha gelem gotong-royong ndhuk.

Limbuk            : Iya mak, aku paham kok. Lha nek jenang putih karo abang kae maknane apa mak?

Cangik             : Jenang putih karo abang kae kanggo ngormati eyang Adam lan eyang Siti Hawa, mbahne kabeh manungsa sak jagad ndhuk.

Limbuk            : Simbah Adam lan simbah Siti Hawa kuwi, lahire lan manggone rak ya nang tanah Arab kana ta mak?

Cangik             : Jarene mbahmu biyen pancen ngono kuwi ndhuk.

Limbuk            : Lha nek ngono nek aku njaluk lemah warisan nang Arab kana kudune rak ya oleh ta mak, wong aku kuwi rak ya isih klebu putune simbah Adam ta mak?

Cangik             : Lhaiya ndhuk.. ning le ngurus sertifikat tanahe kuwi sing ruwet ndhuk. Wong silsilahe mbah buyutmu sing nang kene wae aku ora ngerti urut-urutane, kok dikon ngurus lemah sing nang arab ndhuk. Lha nek uwong sejagad kabeh padha budhal nang arab njaluk warisan lemah kabeh, tanah arab kae rak ya bisa ambles dadi laut kabeh ta ndhuk?

Limbuk            : Oo.. iya ya mak, lha apike awake dhewe kuwi njur kudu keprye mak?

Cangik             : Apike ora perlu mikir lemah warisane mbahmu Adam sing nang arab, nanging jupuken maknane wae ndhuk. Nek kowe wis yakin nek wong sajagad kuwi isih tunggal simbah, tegese wong liya negara sing beda kulite, beda agamane lan beda budayane, kae ya isih sedulurmu dhewe ta ndhuk?

Limbuk            : Iya ya mak, omonganmu kuwi pancen masuk akal mak.

Cangik             : Iya ndhuk. Saliyane kuwi nek wong sajagad kuwi yakin lan ngakoni nek isih tunggal simbah, mesthi wae ora ana uwong sing gawe bom nuklir, merga bom nuklir kuwi ditembakake nang negara ngendi wae arahe, sing padha mati ketiban bom nuklir kuwi kabeh rak ya isih sedulure dhewe sing tunggal simbah ta ndhuk?

Limbuk            : Iya mak, pancen bener omonganmu kuwi kok mak.

Cangik             : Iya ndhuk, upama wong sak Indonesia nggone dhewe iki kabeh yakin nek isih tunggal simbah lan gedhe rasa pasedulurane, mesthi wae ora ana oknum pejabat sing korupsi ndhuk, jalaran korupsi nyolong bandhane negara kuwi padha karo nyolong bandhane rakyat, sing tegese kuwi rak ya padha karo nyolong bandhane sedulure dhewe ta ndhuk?

Limbuk            : Iya ya mak.. wah, mung ngonceki maknane sajen jenang putih karo abang wae, isi pituture jebul akeh banget ya mak.. lha nek maknane jenang palang kae kanggo simbul donga apa mak?

Cangik             : Jenang palang kuwi simbul donga sing kanggo mepalangi jim setan lan uwong, sing arep ngganggu wong sing lagi duwe gawe ndhuk. Jalaran wong sing lagi duwe gawe kuwi durung mesthi kabeh melu seneng ndhuk.. kala mangsane tanggane kuwi ana sing iri, lan jail atine barang ndhuk.

Limbuk            : Iya ya mak. Lha nek sajen jajan pasar sing isine woh-wohan werna-werna kae maknane apa mak?

Cangik             : Jajan pasar kuwi kanggo ngormati uwong sing wis gawe jeneng dina pasaran wage kliwon lan sateruse, lan uga kanggo ngormati uwong sing wis gawe jeneng dina, minggu, sasi, tahun, windu lan abad, sing murakabi kanggo uripe manungsa ndhuk.

Limbuk            : Oo.. ngono ta tegese.. lha nek sing kanggo ngormati para Nabi lan para Wali sing tok omongke nang ngarep mau simbule apa mak?

Cangik             : Nek saka pangiraku simbule nang sega rasul ndhuk. Sega putih kuwi simbule pituture agama ‘suci’, rasul kuwi ‘Nabi’ ndhuk. Pituture agama suci sing wis disebarake dening para Nabi kuwi, sawise tekan tanah Jawa banjur diterusake dening para Wali ndhuk. Ngono kuwi maknane sega rasul mau lho ndhuk.

Limbuk            : Apa omonganmu kuwi bisa tak percaya mak?

Cangik             : Lha ya sakakarepmu ndhuk, wong aku ya mung jarene simbah kok.

Limbuk            : Ya wis mak, tak anggep wae nek omonganmu kuwi bener mak. Saiki jelasna tegese kembang karo banyu sing nang gelas kae maknane apa amak?

Cangik             : Kem kuwi tegese ‘sungkem’, mbang kuwi ‘mbangun’, banyu kuwi simbule katentreman ndhuk. Uwong sing atine sungkem marang Gustialah kuwi bisa mbangun jiwane dadi kebak rasa katentreman ngono lho ndhuk.

Limbuk            : Iya mak, lehmu ngonceki tegese kembang karo banyu iki mau wis runtut kok mak.. saiki nek tegese pitik jago sing digawe ingkung kae maknane apa mak?

Cangik             : Ingkung kuwi saka tembung ‘ing kakung’ ndhuk. Ingkung kuwi simbul pitutur kanggo priyayi kakung sing dadi imame kulawarga. Ingkung digawe saka pitik jago, tegese priyayi kakung kuwi aja seneng nuladha lelakone pitik jago sing senengane ngapusi, ethok-ethok nyucuki panganan ngudang pitik babon, nanging bareng babone nyedhak, jebule mung arep dikumpuli ndhuk.

Limbuk            : Mm.. ngono ta mak.. lha nek pitik ingkung cucuke ditaleni kae maksude apa mak?

Cangik             : Cucuke ditaleni kuwi tegese wong lanang dadi pemimpin kulawarga iku aja ngulinakake guneman sing kasar lan saru, jalaran mundhak ditiru dening anak-anake ngono lho ndhuk.

Limbuk            : Oo.. ngono ta maksude.. njur nek suwiwine ditaleni kae tegese apa mak?

Cangik             : Suwiwi kuwi gambarane tangan, ditaleni tegese dikendhaleni ndhuk. Pemimpine kulawarga kuwi kudu bisa ngendhaleni tangane, aja nganti kanggo colong jupuk lan kanggo milara anak lan bojo, becike kanggo makarya golek nafkah, kanggo nyukupi kabutuhane kulawarga ndhuk.

Limbuk            : Iya ya mak.. Lha nek sikil pitik ingkung ditekuk ditaleni kae maknane apa mak?

 

Bersambung...

Beriklan Disini Beriklan Disini