Limbukan Online Series: #4 Bersih Desa (Seri Pungkasan)

Sumber Gambar : Redaksi Manunggal Syafaat

Cangik             : Sikile ditekuk kuwi simbule wong sing lagi sujud sembahyang, ditaleni kuwi tegese ditata lakune ndhuk. Wong lanang dadi pimpinane kulawarga kuwi kudu gelem menehi tuladha sregep sujud sembahyang ngimami kulawargane, dimen katon rukun lan sregep gawe amal soleh ndhuk. Dadi pemimpin kulawarga kuwi pancen abot ndhuk.. mula nang ngarep mau aku ngomongake nek tegese ingkung kuwi ‘ing kakung’, jalaran ala lan becike kulawarga kuwi pancen gumantung ing kakung sing dadi imame ndhuk. Ya kuwi ndhuk, tegese ingkung mau.

Limbuk            : Iya mak, aku wis paham saiki.. lha nek donga sing kanggo nyingkirake jim setan karo sing kanggo uluk salam sing njaga bumi kuwi simbule apa mak?

Cangik             : Simbule menyan ndhuk.. wong sing lagi nyekel menyan karo umak-umik kae lagi ndonga nyuwun marang gusti supaya jim setan padha sumingkir, lan uluk salam kanggo sing mbaureksa bumi lan sing njaga tanah pekarangan, supaya aja padha ngganggu lan pasang walat ngono lho ndhuk.

Limbuk            : Mm.. Ngono kuwi ta mak tegese.. lha nek menyan kuwi apa ya ana artine mak?

Cangik             : Ya ana ndhuk.. men kuwi saka tembung ‘temen’, nyan kuwi tegese ‘nyandhing’ ndhuk. Wong Jawa jaman biyen kuwi temen-temen anggone percaya, yen nyandhing bangsa alus sing njaga bumi saisine ndhuk.

Limbuk            : Maksude njaga bumi saisine kuwi upamane priye mak?

Cangik             : Njaga bumi saisine kuwi ya njaga lemah-lemah sing wingit karo wit-witan gedhe sing angker, supaya uwong kuwi ora mung padha ngawur waton blasakan negori wit-witan ndhuk. Alas gedhe kae nek sing nunggu bangsa alus malah awet lho ndhuk, soale ora ana uwong sing wani sembrana karo bangsa alus, makhluk astral sing ora katon wujude ta ndhuk?

Limbuk            : Iya ya mak, mulane wong jman biyen kuwi nek liwat nggon sing angker ya padha uluk salam muni: “nyuwun sewu mbah.., putune badhe ndherek langkung mbah.” Ngono kuwi lho mak.

Cangik             : Kaya ngono kuwi wujude rasa pangati-ati sing diwulangke dening wong jaman biyen lho ndhuk.

Limbuk            : Iya mak, omonganmu kuwi tak gatekke kok mak. Saiki tak takon meneh mak, saelingku sajen kuwi akeh banget, tur ora mung kaya sing tok omongke mau thok lho mak.

Cangik             : Sajen sing tak omongake mau kuwi sajen sing kerep kanggo ndhuk. Wong gawe sajen kuwi seje desa ya sok ana sing beda carane, wong gawe sajen kanggo supitan, mantu, tingkepan lan liya-liyane kuwi pancen ana sajene sing beda lan manut kabutuhane ndhuk. Saliyane kuwi sajen uga ana sing negesake kanggo suguh lan sapa aruh marang bangsa alus, supaya ora padha ngganggu wong sing lagi duwe gawe. Wong nyuguh bangsa alus kuwi durung bisa dianggep luput, waton anggone nyuwun rejeki kuwi tetep marang Gustialah ndhuk. Sajen sing dianggep musyrik kuwi sajene wong sing ngingu pasugihan bangsane thuyul, Nyai Blorong, lan buta ijo. Sajen kuwi mung wujude barang ndhuk. Arep dadi musyrik lan orane, kabeh mung gumantung nang niate ing atine dhewe-dhewe ta ndhuk?

Limbuk            : IYa mak, omonganmu kuwi pancen bener.. lha nek ana wong muni: “sajen kuwi pakan dhemit” kae jane priye ta mak?

Cangik             : Dhemit kuwi dudu bangsane jim setan lan bangsa alus liyane, nanging dhemit kuwi saka tembung jarwa dhosok ‘sidhem lan amit-amit’ ndhuk. Sidhem kuwi tegese ‘ayem tentrem’ atine, amit-amit kuwi tegese ‘tatakrama’ ndhuk. Wong sing lagi duwe gawe kuwi banjur ayem lan tentrem atine, sawise nyuwun pangayomane Gustialah lan tata krama amit-amit marang sing mbahureksa bumi lan tanah pekarangan. Ngono kuwi lho ndhuk tegese dhemit mau.

Limbuk            : Iya mak, saiki aku wis paham tegese dhemit, lan aku ya wis ngerti, nek sajen kuwi isine kebak pitutur becik sing isih perlu dilestarekake mak.

Cangik             : Iya ndhuk, nanging nek wong sing ora percaya karo gunane sajen, duwe gawe ora gawe sajen, kuwi ya ora apa-apa kok ndhuk.

Limbuk            : Iya mak, kabeh kuwi terserah sing padha arep nglakoni kok mak, lan nek dipikir sing kanthi jero, satemene Gustialah kuwi le maringi rejeki marang titah jane wis akeh banget lho mak, nanging akeh-akehe uwong kuwi anane mung rumangsa kurang wae lho mak.

Cangik             : Iya ndhuk, kaya ngono kuwi mbok menawa mung durung bisa mikir sepira gedhene tresnane Gustialah marang umate ndhuk. Yen kowe kepingin ngerti sepira gedhene tresnane Gustialah marang kabeh titahe, pikiren lan rasakna dhisik, bedane antarane uripe uwong lan uripe wit-witan ndhuk.

Limbuk            : Saiki jelasna sisan, aku ora paham karo karepmu mak.

Cangik             : Bedane uripe uwong karo wit-witan kuwi ngene lho ndhuk, uwong kuwi umume yen bengi padha ambruk mapan turu, yen awan krasa ngantuk ya oleh ambruk mapan turu. Nanging yen wit-witan kae, awan bengi esuk sore ora oleh ambruk mapan turu, dening Gustialah didhawuhi tetep thukul dhuwur lan metu wohe, perlune yen ana uwong sing tangi turu krasa ngelih wetenge, rak tetep ana bahan pangan sing bisa diolah kanggo nyambung nyawane manungsa ndhuk. Jajal saiki bayangna wae, upama wit-witan kae uripe dening Gustialah digawe bisa ambruk turu, le metu wohe dadi luwih suwe, tegese rak njur akeh wong sing ngelih wetenge merga ketelatan bahan pangan ta ndhuk?

Limbuk            : Hoo ya mak, apa maneh nek le ambruk turu kuwi padha rubuh malangi dalan, rak njur akeh mobil sing ora bisa liwat ya mak.

Cangik             : Iya ndhuk. Mula kowe kuwi nek nyuwun rejeki saka Gustialah aja kerep-kerep lan crewet wae lambemu, merga nek kowe ngono kuwi, kowe kuwi njur dadi kaya wong wuta sing ora weruh dalan, jalaran wis diparingi rejeki saben dina saka Gustialah, nanging kowe ora ngrumangsani ndhuk. Ngono kuwi nek kowe sadhar tapii..!!

Limbuk            : Iya mak, aku saiki wis paham tegese sedhekah bumi, merti bumi, lan aku uga wis ngerti apa tujuane wong ing desa kene padha gotong royong, bareng-bareng nganakake upacara bersih desa mak.

Cangik             : Lhaiya ndhuk, lha mula ing bengi iki para bapak-bapak panitia ngaturi rawuh para tokoh-tokoh masyarakat, sing perlu mung disuwuni donga lan pangestu, lan uga melu nyekseni warga desa kene nggone duwe gawe bersih desa, sing ujupe ngaturake rasa suka sukur lan matur nuwun marang pangeran, merga wis maringi rejeki sing akeh marang warga desa kene, lan kabeh warga desa kene uga nyuwun, supaya rejeki sing wis diparingake mau bisa dadi rejeki sing barokah lan sempulur murakapi tumrap marang kluwarga lumeber marang tangga teparo, satemah dadi pikuwating bebrayan agung ing desa kene ndhuk.

Limbuk            : Iya mak saiki tak takon meneh mak.. apa nek bersih desa kuwi kudu wayangan mak..?

Cangik             : Ya ora kudu ndhuk, sebab wayang kuwi sifate mung sekedar kanggo hiburan wae.., Arep nanggap kethoprak ya oleh, ngundang jathian celeng ya kena, ning nek pancen kahanan lagi sulit lan lagi ora ana dana, nganakake kendhuri slametan thok, kuwi ya wis sah ujupe  ndhuk.

Limbuk            : Tegese tembung kendhuri kuwi jane apa ta mak?

Cangik             : Kendhuri kuwi saka tembung ‘kendho mburi’ ndhuk. Wong duwe gawe kuwi nek wis rampung le nganakake donga panyuwunan lan wis andum berkat kanggo sodakoh, atine njur kendho mburi, sing tegese njur cumeplong utawa lega atine ngono lho ndhuk.

Limbuk            : Lha nek tegese berkat apa mak?

Cangik             : Berkat kuwi tegese berkahe sing diangkat ndhuk. Kowe isih diparingi sehat lan doyan mangan, kuwi ya merga berkahe sing maha kuasa ndhuk.

Limbuk            : Ning aku isih penasaran lho mak, sebabe apa saben ana kegiatan bersih desa, sing ditanggap kuwi akeh-akehe kok mesthi wayang. Apa kira-kira ana ngelmu tuntunane mak..?

Cangik             : Ana ndhuk, ning ngelmune ya mung ngelmu othak-athik gathuk ndhuk. Wayang kuwi gambarane titah, dhalang kuwi sing dadi simbul gustialahe wayang, sebab sing menehi nyawa lan nguripake wayang sekothak kuwi dhalang. Mula sakwise bubar panen banjur nanggap dhalang, tegese para kaum tani lan kabeh masyarakat ing desa kene kuwi dikon nanggapi Gustialah sing wis maringi rejeki, kanthi cara ngaturake rasa matur nuwun ndhuk. Ngono kuwi maknane wong sadesa nanggap dhalang ndhuk.

Limbuk            : Iya mak, sarehne maknane bersih desa wis tok jelaske kabeh, saiki minangkani pamundhutan gendhing lan lagu-lagu, kanggo nglipur masyarakat ing desa kene ya mak.

Cangik             : Iya ndhuk.

 

Pengasih 1 Mei 2020

Suyatin

Beriklan Disini Beriklan Disini