Panakawan dadi Lurah

Sumber Gambar : Redaksi Manunggal Syafaat

Nonton pagelaran wayang kulit iku yen mung disawang sakeplasan, pancen isih mbingungake. Jalaran caritane ki dhalang iku akeh kang migunakake tembung kawi kang angel dimangerteni maknane. Saliyane iku ing panggung wayang kulit uga akeh simbul-simbul pitutur kang luwih njlimet anggone nggoleki tegese. Mula pancen bener miturut ujare priyayi kuna: “yen nonton wayang iku aja mung tok tonton nganggo mata, nanging tontonen nganggo rasa.” Ngono iku wewarahe priyayi sepuh ing jaman biyen. Miturut pakulinane, wong sing padha nonton wayang iku sing baku mung kanggo hiburan wae, katimbang mung padha turu sore. Nanging yen padha gelem ngopeni isi wewarahe saka cakepane tembang, saka carita lan wejangane wayang, satemene kabeh iku bisa dadi bundhelane kawruh kang piguna kanggo panata rasa, murih uripe manungsa iku dadi tambah susila lan luwih katon mbudaya.

Miturut ujare para winasis, paraga apa wae kang ing kelir wayang ora bisa mati, satemene iku mung wujude simbul utawa ‘pralambang’ wae. Para dewa digambarake ora bisa mati, jalaran tembung dewa iku saka tembung ‘dede nyawa’, kang tegese simbul iku pancen ora ana nyawane lan uga ora ana ragane. Yen cara ing jaman saiki, iku bisa kanggo simbul kalungguhane manungsa, wiwit saka presiden nganti tekan RT RW. Sing dadi presiden lan sing dadi RT RW bisa mati, nanging kalungguhan presiden lan RT RW iku kudu tetep urip utawa kudu tetep ana. Jalaran pemimpin iku tekan kapan wae isih tetep dibutuhake, kanggo nuduhake aturan uripe manungsa. Para dewa digambarake ing kahyangan kang dhuwur papane, jalaran pemimpin lan aturan uripe manungsa iku pancen kudu dijunjung dhuwur lan diluhurake. Mula pemimpin iku kudu tetep ana, amarga pemimpin iku pancen dibutuhake kanggo panutane wong akeh.

Ing carita wayang iku ana critane titah kang becik tumindake lan gedhe lebuhane marang negara, banjur diboyong munggah ing kahyangan didadekake ganepe para dewa. Diboyong munggah iku tegese diluhurake drajade, didadekake ganepe para dewa, tegese dilanggengake asmane. Yen ing jaman saiki kang diluhurake lan dilanggengake iku asmane para pahlawan kang dilanggengake dadi jeneng dalan, ya iku kayata jalan Jenderal Sudirman, jalan RA. Kartini lan liya-liyane. Saliyane kuwi paraga kang ora bisa mati, iku uga kalebu Semar, Gareng, Petruk lan Bagong, jalaran wayang papat iku uga kerep kanggo simbule hawa nepsu papate manungsa, kang kerep disebut nepsu amarah, aluamah, supiyah lan nepsu mutmainah. Paraga papat iku ora bisa mati, amarga kabeh manungsa kang lahir ing alam donya iki, kabeh padha duwe hawa nepsu papat ing batine dhewe-dhewe. Mula Semar, Gareng, Petruk lan Bagong iku kerep disebut repat, jalaran tembung repat iku saka tembung ‘karep papat’, kang tegese hawa (nepsu) papat kang mapan ing batine para manungsa. Repat iku uga disebut panakawan. Tembung Panakawan iku wujud piweling saka pujanggane carita wayang. Pana iku tegese ngerti lan bisa, kawan iku saka tembung sekawan, utawa papat: “dadi manungsa iku kudu ngerti lan bisa ngendhaleni hawa nepsu papate, supaya tetep katon tata trapsila solah bawane, lan uga katon andhap asor watake.” Kira-kira ngono iku isi piwelinge.

Manut ngendikane para priyayi sepuh, wayang panakawan iku satemene wayang multi guna. Saliyane kanggo simbule hawa nepsu papat yen lagi ngetutake lakune Bambangan, wayang Panakawan iku uga dadi simbule abdi kang dadi pamomong, lan uga kanggo simbule kalungguhane lurah. Mula Semar, Gareng, Petruk lan Bagong iku kabeh padha disebut Ki Lurah.  

Panakawan papat iku padha duwe omah dhewe-dhewe lan padha duwe padhepokan dhewe-dhewe, jalaran lurah iku omahe lan wilayahe uga dhewe-dhewe papane. Panakawan siji duwe padhepokan loro, amarga lurah jaman biyen iku lurah siji pancen duwe lemah rong papan. Siji, lemah warisan utawa lemah pribadi. Loro, lemah bengkok utawa lemah pelungguh pinangka kanggo pangarem-arem, utawa kanggo opah anggone dadi lurah. Semar manggon ing padhepokan Karang Kabulutan, uga duwe padhepokan Karang Tumaritis. Gareng mapan ing Karang Kadhempel, duwe padhepokan bluluk ketiga. Petruk mapan ing padhepokan Kembang Sore, duwe padhepokan Klampis Ireng. Bagong manggon ing padhepokan Klanthang Pangkur, lan duwe padhepokan Singosaren. Bab iki nuduhake, yen panakawan papat iku pancen padha duwe kulawarga lan padha duwe omah dhewe-dhewe, lan uga padha duwe padhepokan loro-loro kabeh kang beda-beda jenenge, jalaran pancen beda-beda papane. Mula saka iku, dhalang kang wis padha pirsa maknane kalungguhane lurah, yen pas adegane nggone Semar padhepokane panakawan papat iku bakal disebutake kabeh, anggone nyaritakake padhepokane banjur dipisah-pisah, lan anggone njantur kurang luwihe banjur mangkene: “punika warnanira adeging padhepokan Karang Kabulutan Kang Mengkoni padhukuhan Karang Tumaritis. Padhepokanira Ki Lurah Semar Badranaya mengkeraken padhepokanira Ki Lurah Nala Gareng, kang winastan padhepokan Karang Kadhempel, Kang Kalebet ing padhukuhan Bluluk Ketiga. Padhukuhan Bluluk Ketiga nganakaken padhepokan...” Lan Sateruse. Yen sing arep dijantur utawa dicaritakake iku mung padhepokane nggone Semar dhewe, mung nyebutake Karang Kabulutan lan Karang Tumaritis wae iku ya wis cukup apik. Ngono iku miturut ujare para winasis, yen panakawan lagi dadi simbule lurah. Bab iki perlu dimangerteni tumraping dhalang bocah kang lagi seneng-senenge sinau mayang. Dadi dhalang kang isih bocah iku kudu gelem nampa kritikan lan seneng srawung, lan uga kudu sregep maca buku kawruh, dimen tambah jembar wawasane, lan aja mung trima kaya kodhok kang ing njero bathok, kang ora mangerti dununge keblat kang bener sarta pener.

Miturut ngendikane para priyayi sepuh, dadi dhalang iku aja nganti muring ing panggung sangisore blencong. Jalaran dhalang kuwi yen lagi mayang lagi dadi simbule Gustialah, Sing dadi umate utawa titahe iku wayang sakothak kabeh. Gustialah iku maha welas, maha asih lan maha sabar. Yen gustialahe wayang iku nganti muring-muring lan nyuwara kasar, mesthi wae banjur kiamat jagade kelir wayang. Bab iki aja nganti kedadean, jalaran wong sing padha nanggap wayang iku kepingin seneng atine, aja nganti meruhi kahanan sing ora nyenengake ati. Yen anak buahe dhalang ana sing luput, le ngandhani sawise bali saka pentas, perlune pentase wayang iku nganti tekan bubar tetep katon resik, lan uga ana rasane. Saliyane kuwi seni kabudayan Jawa iku kondhange dadi papane wong kang kebak tatakrama lan andhap asor budine. Mula sabubare pentas, dhalang kuwi aja nganti ninggal jeneng sing ala, jalaran mengko mundhak ora becik ing tembe mburine. Dadi dhalang iku uga aja seneng mbegal rejekine kanca dhalang liyane, jalaran watak srakah iku dadi sirikane budaya jawa.

Manut ujare para kaki, dadi dhalang iku aja nganti daksiya marang kanca wiyaga, jalaran wiyaga iku luwih jembar tebane katimbang dhalange. Wiyaga iku tanpa dhalang isih bisa  ngiringi seni kethoprak, ngiringi tari lan bisa ngiringi sindhen ing wanci uyon-uyon. Nanging yen dhalang wayang kulit tanpa kanca wiyaga, mesthi wae ora bakal bisa lumaku. Bab iki  aja nganti gawe gerah penggalihe para kadang dhalang, amarga piweling saka para kaki iku pancen nyata anane. Saliyane iku tembung penabuh lan pangiring iku satemene ana bedane. Penabuh iku waton wis ngerti carane nabuh gamelan, iku wis bisa diarani penabuh. Nanging yen pangiring kuwi kudu bisa ngetutake karepe dhalang. Yen adegane gagah utawa alus. Kanca wiyaga kuwi ya kudu bisa ngiringi gendhing kang gagah utawa gending kang alus. Yen solahe wayang iku lucu, kanca wiyaga kuwi ya kudu bisa menehi suwara gamelan sing bisa nambahi solahe wayang dadi tambah lucu. Dhalang kang kala mangsane kepeksa kudu muring ing panggung iku, akeh-akehe mung amarga kanca wiyagane kuwi durung bisa ngembani greget saut, lan durung bisa mituruti karep atine dhalang.

Manut ucape para sepuh, kabeh para paraga kang wis manunggal nyawiji dadi sapanggung, iku aja nganti ana uwong sing rumangsa paling luhur dhewe drajade, lan uga aja nganti ana kanca sing rumangsa paling asor dhewe dhapukane. Jalaran wiwit saka dhalang nganti tekan sing tukang nata debog, nata gamelan lan sing nyimping wayang, iku padha duwe tanggung jawab dhewe-dhewe, kanggo nyengkuyung murih apike pentase seni wayang kulit.

Dadi dhalang iku pancen kudu sugih rasa sabar, amarga kudu ngesuhi anak buah sing akeh cacahe, lan beda-beda watake. Dhalang iku uga kudu akeh kawruhe lan kudu bisa menehi piwulang kang becik nganggo tembung sanepa marang kabeh pamirsane, jalaran dhalang iku tegese ‘ngudhal piwulang’. Yen kawruhe luwih akeh, mesthi wae bakal luwih mumpuni anggone ngudhal piwulang luhur kanggo generasine bangsa sabacute.

 

Pengasih, 6-7-2017

 Suyatin

Beriklan Disini Beriklan Disini