Pitutur ing Wayang Anoman

Sumber Gambar : Redaksi Manunggal Syafaat

Miturut dongeng ing caritane wayang kulit, paraga Anoman iku umure kira-kira bisa nganti tekan 800 tahun luwih. Jalaran anggone suwita ngabdi ratu iku wiwit jamane Prabu Ramawijaya ing negara Pancawati, nganti tekan  jamane Prabu Sri Jayabaya ing negara Mamenang Kediri kang wis mlebu ing carita seni kethoprak, Anoman iku nembe wae mati. Yen dietung-etung umure Anoman iku tegese wis ngliwati wolung turunan nganti tekane sangang turunan, bisa luwih. Yen Anoman iku duwe nyawa kaya salumrahe manungsa, mesthine wae Anoman iku wis mati luwih dhisik, sadurunge jamane Pandhawa lan Ngastina ana.

Bab iki pancen mbingungake tumrape bocah jaman saiki, ingkang luwih nengenake lan ngugemi tembung logika. Apa wae kang ora tinemu ing nalar, mesthi wae ora bakal ditampa. Bab iku anane mung kudu dimaklumi, jalaran wayang iku mung wujude simbul kang pancen angel banget dimangerteni werdine. Anoman iku simbul apa? maknane apa? lan gunane kanggo pitutur apa? Kabeh pitakon iku bakal ana wangsulane, yen wis padha mangerteni maknane pituduh saka ing jeneng-jeneng munyuk ing kelir wayang.

Manut ujare para winasis, Anoman digambarake umure dawa iku mung kanggo nggambarake sejarahe uripe manungsa wiwit ing jaman purba sadurunge manungsa ngerti sandhangan, nganti tekan wis ngerti nyandhang nganggo, ngerti budaya lan agama iku wektune pancen dawa. Dawane wektu iku ora mung 800 tahun wae, nanging bisa ewonan tahun nganti tekane yutanan tahun suwene. Matine Anoman iku wis mlebu ing carita kethoprak, kang paragane wis wujud manungsa. Bab iku mung kanggo nuduhake yen sawise tedhak turune manungsa purba iku antuk wulangan ajaran budaya, lan uga wis padha ngrasuk agama, kabeh banjur wis padha dadi manungsa kang sawutuhe.

Miturut ujare para priyayi pinter, tembung Anoman iku saka tembung ‘anome manungsa’. Tegese anome manungsa iku dudu bab umur nanging anome kawruh. Anome kawruh manungsa iku nalika ing jaman purba, tuwane kawruh manungsa iku ing jaman maju sawise manungsa padha ngerti budaya, lan wis padha ngrasuk agama kanthi tumata.

Anoman iku kerep disebut manusia kera utawa ‘manungsa munyuk’, lan uga disebut ‘kapi’. Kapi iku saka tembung ‘kanggo pituduh’. Wayang Anoman iku kanggo pituduh, nuduhake yen nenek moyange manungsa iku biyen praupane isih kaya kewan munyuk, kaya sing dikandhakake dening Profesor Charles Darwin ilmuwan saka ing negara Inggris. Profesor Darwin ngandhakake, yen manungsa purba jaman biyen iku praupane isih kaya kewan munyuk, durung nganggo sandhangan lan mbrangkang mlakune. Sawise ngalami evolusi, tedhak turune banjur bisa mlaku mbungkuk nganggo sikil 2. Sawise ganti-ganti generasi nganti suwe, putu buyute banjur bisa mlaku ndegek lan bisa ngadeg jejeg uga tambah becik praupane, nganti tumurun tekan ing jaman saiki.

Krungu kabar pratelane Profesor Darwin ingkang kaya ngono iku, banjur ana uwong kang duwe panemu yen manungsa iku pancen keturunan saka kewan munyuk. Uwong kang duwe panemu sing kaya ngono iku ya kena-kena wae, amarga manungsa iku pancen beda-beda panemune. Nanging ingkang ngerti sing satemene ya mung Gustialah piyambak sing wis nitahake

Anoman uga disebut rewanda. Re iku tegese ‘bali’, wanda iku ‘praupan’. Yen bali ing jaman purba biyen, praupane manungsa iku isih kaya kewan munyuk. Anoman uga disebut pragosa. Pra iku tegese ‘durung’, go iku saka tembung ‘kanggo’,  sa iku saka tembung ‘manungsa’. Manungsa purba sing durung nganggo sandhangan iku durung kanggo disebut manungsa. Anoman iku uga disebut wanara. wan iku saka tembung ‘kewan’, nara iku tegese ‘uwong’. Sadurunge disebut nara utawa uwong, manungsa iku biyen wujude lan tingkah lakune kaya kewan dhisik, sawise ngerti sandhangan, budaya lan agama, banjur disebut nara utawa uwong. Pujangga biyen kang wis urip ing jaman budaya iku gawe jeneng-jeneng munyuk nganggo tembung sanepa, iku satemene ya mung wujud pangira-ira wae. Jalaran jaman pra-sejarah iku durung ana kalender sing kanggo niteni proses uripe lan kapan wiwitane manungsa purba iku wiwit ngerti isin, lan kapan wiwitane manungsa purba iku miwiti nutupi aurate nganggo sandhangan kang banjur disebut nara, utawa uwong.

Evolusi-ne manungsa kang nganti yutanan tahun suwene iku tumrape wong jawa mung diringkes dadi telung perangan, yaiku kang disebut jaman purwa, jaman madya, lan jaman wusana. Jaman purwa iku jaman ‘purba’, jaman purwane manungsa durung nganggo sandhangan. Sawise ngalami evolusi fisik lan mentale nganti suwe, praupane banjur tambah becik lan tambah pinter. Sawise rumangsa nduweni rasa isin, banjur padha duwe akal gawe sandhangan kanggo nutupi aurate sanajan mung nganggo kulit kewan utawa suket garing kanggo mbedakake antarane uripe kewan lan manungsa. Sawise manungsa purba iku nganggo sandhangan lan wis wujud manungsa, banjur mlebu ing jaman madya. Ing jaman madya iku adat budayane manungsa wis tambah maju, manungsa banjur wiwit ngerti adat budaya lan uga wis wiwit bisa gawe tulisan lan bisa maca, senajan tulisane iku durung kaya tulisan ing jaman saiki. Saliyane iku uga banjur padha ngrumangsani yen duwe Gustialah sing nitahake, senajan sing disembah iku wujud srengenge, reca kayu lan reca watu. Sawise iku Gustialah banjur nitahake para Nabi kang banjur padha paring wewarah: “Aja padha nyembah srengenge lan kayu watu, nanging padha nyembaha sing gawe srengenge lan sing gawe kayu lan watu, Ya iku Gustialah.”  Tembung iki wujud pepeling kanggo kita kabeh, yen wis padha ngrumangsani dadi titahe Gustialah iku aja nganti padha nglakoni tumindak musrik, kang tegese ‘menduakan tuhan’. Sawise budayane tambah becik, panembahe para manungsa iku uga  dadi luwih bener lan luwih mapan, kabeh manungsa iku banjur padha mlebu ing jaman wusana, sing tegese wusanane manungsa iku banjur ngerti tulis, budayane katon luwih maju lan luwih becik, anggone  nglakoni tuntunan agamane ya banjur luwih bener tumrape wong akeh nganti tumurun tekan ing jaman saiki.

Anoman iku kerep disebut manusia kera. Tembung manusia iku disebutake luwih dhisik, jalaran  supaya manungsa iku luwih ngatonake watak manungsane, katimbang mung nuruti nepsu kewane. Manungsa iku kerep disebut ‘makhluk sosial’ lan ‘makhluk individu’. Tembung sosial iku didhisikake, supaya manungsa iku dimen luwih akeh amal sosiale katimbang watak srakahe. Yen Gustialah iku biyen ora nitahake para Nabi lan para Wali, mbok menawa nganti tekane jaman saiki uripe manungsa iku isih luwih akeh sing tingkahe kaya kewan. Jalaran pitutur agama sing digawa dening para Nabi kang tumurun ing tangane para Wali iku pancen kanggo nuntun, supaya manungsa iku aja nganti padha nuladha tingkahe kewan.

Miturut ujare para winasis, wayang Anoman iku saliyane kanggo nggambarake uripe manungsa ing jaman purba, kulite kang putih iku uga kanggo simbul pituture agama suci. Perange Anoman mungsuh Dasamuka iku simbul perange agama suci kanggo ngalahake nepsu kewan, kang isih kerep nggodha atine para manungsa. Pangajabe para luhur ing jaman kuna, agama iku yen bisa aja mung kanggo kulit wae, nanging bisaa tembus tekan ing njero ati, supaya manungsa iku tetep eling marang gustine lan uga welas asih marang wong liya. Dasamuka iku mati saka tangane Anoman, tegese yen manungsa iku kepingin dadi manungsa kang sawutuhe, kudu bisa mateni utawa ngendhaleni nepsu kewane. Mula saben setahun sepisan manungsa iku didhawuhi mateni kewan, jalaran manungsa iku yen wis bisa mateni nepsu kewane, banjur bisa tuwuh rasa welase marang wong liya. Manungsa iku lawange nepsu ana 9, Dasamuka iku raine ana 10. Tegese watak kamurkane Dasamuka iku ngluwihi manungsa umume. Dasamuka iku uga duwe jeneng ‘Rahwana’. Rah iku tegese ‘getih’ utawa ‘turun’, wana iku tegese ‘alas’. Watake Rahwana sing ala iku kaya tedhak turune kewan alasan sing ora ngerti tatanan. Dasamuka iku senajan wis mati dadi sukma, nanging sukmane isih kerep ngrambyang ngganggu manungsa. Tegese manungsa iku kudu tetep eling lan waspada, aja nganti gampang kabujuk dening suwarane iblis utawa nepsu kewan, sing kerep ndayani dadi alane watak manungsa. Iblis iku yen ing gambar wujude manungsa kang rupane ireng, duwe sungu, duwe siung lan duwe buntut, kang dadi simbule ‘nepsu kewan’ sing kerep nganggu pikirane manungsa. Gambar iblis iku tangane nyekel senjata trisula. Tri iku tegese ‘telu’, sula iku saka tembung ‘susuhe ala’. Susuhe ala watak manungsa iku dumunung ing nepsu muring, nepsu mangan lan nepsu sahwat. Uwong sing padha didhawuhi nglakoni pasa iku supaya ngampet nepsu amarah, nepsu aluamah lan nepsu supiyah, supaya nepsu mutmainahe banjur luwih katon, kang tegese manungsa iku banjur eling manembah marang gustine, lan uga banjur nduweni rasa welas marang wong liya, sing tegese banjur gelem gawe amal soleh. Miturut ngendikane para priyayi sepuh, pasa iku saka tembung pitakon “apa bisa?” yen pitakon iku diwujudake kira-kira unine mangkene: “Apa bisa sira iku ngampet nepsu muringmu? Supaya gunemanmu iku tetep katon tumata. Apa bisa sira iku ngampet rasa ngelak lan luwe? Supaya ngerti rasane dadi wong mlarat sing kerep kaliren. Apa bisa sira iku ngendhaleni nepsu sahwatmu supaya tetep eling wektune sembahyang?” Kaya mangkono iku gambarane wong sing lagi nglakoni pasa, supaya ora gampang kabujuk dening nepsu kewan kang kaya ing watake Dasamuka.  Dasamuka iku saka negara Alengka diraja.  Alengka diraja iku saka tembung a, ‘alane’; leng, iku ‘teleng’; ka, iku tegese ‘murka’. Diraja tegese dikuwasani utawa nguwasani. Yen kabeh iku dijupuk pituture, unine kira-kira dadi mangkene: “alane lelakone manungsa iku dumunung ing telenge watak murka, kang kerep nguwasani jiwane manungsa.”

Rusake negara Alengka lan matine Dasamuka iku mung perkara rebutan wanita. Carita iki uga ngemu teges yaiku: “Asore drajat manungsa iku ya mung jalaran kerep kapurba lan kagodha dening pakarti nepsune dhewe.” Dasamuka iku duwe aji Pancasona. Panca iku simbule tembung ‘panca indra’, sona iku simbule watak kewan asu. Panca indrane Dasamuka iku isih dikuwasani dening nepsune watak kewan asu. Asu iku saka tembung a, asor, su  iku tegese suker. Kewan asu kerep disebut haram, jalaran uwong kang watake isih asor lan suker kaya watake Dasamuka iku isih kerep nglakoni tumindak kang haram. Dene bab dawane umur Anoman, iku wigatine mung kanggo nggambarake dawane wektu perjuangane para Nabi kang diterusake dening para Wali, supaya uripe para manungsa iku dimen luwih katon tumata, lan ora mung padha tansah memungsuhan wae.

Anoman iku ngabdi marang Prabu Ramawijaya. Rama iku tegese bapak utawa ‘imam’, wijaya iku tegese ‘menang’ utawa menangake. Dadi bapak pinangka dadi imame kulawarga iku kudu bisa menangake pitutur agama ing sajerone kulawarga, supaya uripe keluwargane iku luwih katon padha tumata. Anoman iku saka ing negara Pancawati. Panca iku tegese ‘lima’, wati iku saka tembung ‘dirawati’ utawa ‘rumaten’. “Sembahyang limang wektu iku padha rumaten kanggo cagake imanmu, supaya tansah eling marang gustimu, lan uga banjur tuwuh rasa welas asihmu marang wong liya.” Kurang luwihe ngono iku yen miturut saka tembung sanepane pujangga jaman kuna.

 

Pengasih, 17-2-2020

Suyatin

Beriklan Disini Beriklan Disini